38. Wong Farisi mau bareng weruh dadi gumun, dene Gusti Yesus sadurunge dhahar kok ora wijik dhisik.
39. Nanging Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe para wong Farisi, kowe padha ngresiki jabaning tuwung lan pinggan, nanging ing jeromu kebak isi rampasan lan piala.
40. Heh, wong-wong bodho, Panjenengane kang nitahake jabane apa ora nitahake jerone?
41. Mung bae isine iku danakna, lah ing mengko kabeh-kabehe bakal dadi resik tumrap kowe.
42. Nanging bilai kowe, heh, para wong Farisi, amarga kowe padha mbayar pra sapuluhan kanggo majegi godhong merdinah, inggu lan sawarnane jejanganan, nanging kowe padha nglirwakake kaadilan lan katresnaning Allah. Sing siji kudu dilakoni, lan sijine aja dilirwakake.
43. Bilai kowe, heh, wong-wong Farisi, amarga kowe padha seneng linggih ing ngarep ana ing papan pangibadah lan seneng tampa pakurmatan ana ing pasar.
44. Bilai kowe, amarga kowe iku kayadene kuburan kang tanpa tenger; wong-wong kang lumaku ing sadhuwure ora weruh.”
45. Tumuli ana sawijine ahli Toret kang mangsuli, ature: “Guru, manawi Panjenengan ngandika makaten punika, ateges ugi ngremehaken golongan kula.”
46. Nanging Panjenengane banjur mangsuli, pangandikane: “Kowe iya padha bilai, heh, ahli-ahli Toret, amarga kowe padha ngemoti gegawan kang ora bisa kaangkat marang wong, nanging kowe dhewe ora nganti ndumuk gegawan iku kalawan drijimu siji bae.
47. Bilai kowe; amarga kowe padha mbangun pasareane para nabi, mangka leluhurmu dhewe kang nyedani.
48. Dadine kowe padha ngaku, yen kowe padha mbenerake pratingkahe leluhurmu, sabab iku padha nyedani para nabi mau, dene kowe padha mbangun pasareane.