Lukas 11:23-37 Kitab Sutji (JAV)

23. Sing sapa ora nyarujuki Aku, iku nglawan marang Aku sarta sing sapa ora melu anggonKu nglumpukake, iku dadi mbuyarake.”

24. “Samangsa dhemit iku wis metu saka ing wong, banjur nglembara menyang ing papan-papan kang mluwa golek palereman, nanging sarehne ora oleh, nuli muni mangkene: Dakulihane tilas omahku.

25. Banjur bali, omahe ketemu wis disaponi resik lan tumata becik.

26. Tumuli metu lunga ngajak dhemit pitu liyane kang luwih ala katimbang karo dheweke, sarta banjur padha mlebu lan manggon ana ing kono, satemah wong mau alane ngungkuli sakawit.”

27. Nalika Gusti Yesus isih ngandika, ana sawijining wong wadon saka ing satengahe wong akeh kang nguwuh marang Panjenengane, unjuke: “Rahayu ibu ingkang sampun nggarbini Paduka saha payudara ingkang sampun Paduka sesep.”

28. Nanging Gusti Yesus banjur ngandika: “Kang rahayu iku wong-wong kang padha ngrungokake pangandikaning Allah lan digatekake.”

29. Bareng wong akeh padha ngrubung Panjenengane, Gusti Yesus nuli ngandika: “Jinis iki ala, kok padha nyuwun pratandha, nanging ora bakal padha kaparingan kajaba mung pratandhane Nabi Yunus.

30. Sabab kayadene Nabi Yunus anggone dadi pratandha tumrap wong-wong ing kutha Niniwe, samono uga Putraning Manungsa iya bakal dadi pratandha tumrap jinis iki.

31. Besuk ing dinane pangadilan, ratu putri saka ing tanah Kidul bakal maju bareng karo jinis iki lan bakal ngukumi wong-wong iku. Amarga ratu iki rawuh saka ing pungkasaning bumi arep mirengake kawicaksanane Sang Prabu Suleman, mangka satemene kang ana ing kene iki ngungkuli Sang Prabu Suleman.

32. Besuk ing dina pangadilan, wong-wong ing Niniwe bakal padha tangi bebarengan karo jinis iki, lan bakal ngukumi wong-wong iki. Amarga wong-wong Niniwe iku bareng ngrungokake pituture Nabi Yunus banjur padha mratobat, mangka satemene kang ana ing kene iki ngungkuli Nabi Yunus.”

33. “Ora ana wong nyumed damar kang banjur didekek ing longan utawa ditutupi ing tompo, nanging didekek ing jodhog, supaya kabeh wong kang lumebu bisa ndeleng padhange.

34. Mripatmu iku dadi damaring badanmu. Manawa mripatmu waras, badanmu sakojur kapadhangan, nanging manawa mripatmu ora waras, badanmu dadi peteng.

35. Mulane sing awas, pepadhang kang ana ing kowe iku aja nganti dadi peteng.

36. Manawa badanmu sakojur padhang lan ora ana perangane kang peteng, mesthi kabeh dadi padhang, iya kaya yen kowe kena ing soroting damar.”

37. Bareng Gusti Yesus wis rampung anggone memulang, ana sawijining wong Farisi ngaturi dhahar ana ing omahe. Panjenengane iya banjur lumebet sarta lenggah dhahar.

Lukas 11