22. Samubarang kabeh wis kapasrahake marang Aku dening RamaKu lan ora ana wong kang sumurup sang putra iku sapa, kajaba Sang Rama, mangkono uga Sang Rama iku sapa, kajaba Sang Putra lan wong kang kawedharan dening Sang Putra, marga saka keparenging panggalihe.”
23. Sawise mangkono Gusti Yesus banjur minger mirsani para sakabate sarta dipangandikani piyambak: “Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kokdeleng.
24. Amarga Aku pitutur marang kowe: Akeh nabi lan ratu kang kepengin nyumurupi kang padha kokdeleng, nanging ora kalakon, sarta kang kepengin ngrungokake apa kang kokrungokake, nanging ora bisa kalakon.”
25. Ing sawijining dina ana ahli Toret ngadeg sumedya nyoba marang Gusti Yesus, ature: “Guru, punapa ingkang kedah kula lampahi, amrih kula angsal gesang langgeng?”
26. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kang katulisan ing Toret kapriye? Apa kang kokwaca ing kono?”
27. Atur wangsulane wong iku: “Kowe tresnaa marang Pangeran, Allahmu, kalawan gumolonging nyawamu sarta kalawan sakabehing kakuwatanmu apadene kalawan gumolonging budimu. Lan marang sapepadhamu dikaya marang awakmu dhewe.”
28. Pangandikane Gusti Yesus marang wong mau: “Wangsulanmu iku bener; iku lakonana, temah kowe bakal urip.”
29. Nanging sarehne wong mau arep mbenerake awake dhewe, mulane banjur matur marang Gusti Yesus: “Lajeng ingkang dados sesami kula punika sinten?”