1. Sawise iku Gusti nuding wong pitung puluh maneh padha diutus ngloro-ngloro ndhisiki Panjenengane, menyang ing saben kutha lan panggonan kang bakal dirawuhi.
2. Kabeh padha dipangandikani: “Panene pancen gedhe, nanging sing derep mung sathithik. Mulane padha nyenyuwuna marang kang Kagungan panen, supaya karsaa ngintunake wong-wong kang derep ing panenan.
3. Padha mangkata, lah kowe padha Dakutus kayadene cempe menyang ing satengahe asu ajag.
4. Aja padha nggawa kanthong utawa cangklong tuwin trumpah sarta sajrone ana ing dalan iku aja uluk salam karo sapa bae.
5. Manawa kowe lumebu ing sawijining omah, padha ngucapa mangkene dhisik: Tentrem rahayu mugi wontena ing dalem ngriki.
6. Anadene manawa ing kono ana anaking tentrem rahayu, ulukmu salam bakal lestari ana ing kono. Manawa ora ana, ulukmu salam bakal bali marang kowe.