78. marga saka rahmat lan sih-piwelase Allah kita,kang bakal kaasta anggone bakal ngrawuhi kita saka ing ngaluhur, Sang Surya-esuk
79. karsa madhangi sakabehing wong kang padha andhok ing pepeteng lan ana ing wayanganing pati,apadene ngenerake sikil kita marang dalaning karahayon.”
80. Kacarita bocah mau mundhak-mundhak gedhene lan saya kasantosakake rohe sarta banjur manggon ing pasamunan nganti tumeka ing dina anggone bakal ngaton marang Banisrael.