66. Lan kabeh wong sing padha krungu, padha tansah mikir sarta ngucap: “Bocah iki bakale dadi apa ta besuk?” Amarga kaayoman ing astaning Pangeran.
67. Zakharia, bapakne, marga saka kapenuhan ing Roh Suci, banjur medhar wangsit, pangucape:
68. “Pinujia Pangeran, Allahe Israel,sabab wis nuweni umate lan paring pangluwaran.
69. Panjenengane nukulake sunguning karahayonkanggo kita ana ing tedhake Sang Prabu Dawud, abdine,
70. -- kaya kang wis kapangandikakake wiwit kuna mula lumantar para nabine kang suci --
71. supaya kita luwar saka ing mungsuh-mungsuh kita lan saka ing tangane kabeh wong kang padha sengit marang kita.
72. Supaya leluhur kita bisa nyumerepi sih-rahmate lan anggone enget marnag prajanjiane kang suci,
73. yaiku supaos kang dipangandikakake marang Rama Abraham, leluhur kita, yen Panjenengane paring kanugrahan marang kita,
74. supaya kita luwar saka ing tanganing mungsuh,bisa ngabekti marang Panjenengane tanpa rasa wedi,
75. ing sajroning kasucen lan kabeneran ana ing ngarsane,sajege urip kita.
76. Dene kowe, ngger, anakku, bakal kasebut nabining Allah Kang Mahaluhur,amarga kowe bakal lumaku dadi cecalandhisiki tindake Pangeran prelu nyawisakedalan kagem Panjenengane,