Lukas 1:66-73 Kitab Sutji (JAV)

66. Lan kabeh wong sing padha krungu, padha tansah mikir sarta ngucap: “Bocah iki bakale dadi apa ta besuk?” Amarga kaayoman ing astaning Pangeran.

67. Zakharia, bapakne, marga saka kapenuhan ing Roh Suci, banjur medhar wangsit, pangucape:

68. “Pinujia Pangeran, Allahe Israel,sabab wis nuweni umate lan paring pangluwaran.

69. Panjenengane nukulake sunguning karahayonkanggo kita ana ing tedhake Sang Prabu Dawud, abdine,

70. -- kaya kang wis kapangandikakake wiwit kuna mula lumantar para nabine kang suci --

71. supaya kita luwar saka ing mungsuh-mungsuh kita lan saka ing tangane kabeh wong kang padha sengit marang kita.

72. Supaya leluhur kita bisa nyumerepi sih-rahmate lan anggone enget marnag prajanjiane kang suci,

73. yaiku supaos kang dipangandikakake marang Rama Abraham, leluhur kita, yen Panjenengane paring kanugrahan marang kita,

Lukas 1