Lukas 1:6-17 Kitab Sutji (JAV)

6. Sakarone padha mursid ana ing ngarsane Allah lan tansah nindakake pepakon lan pranataning Pangeran, ora ana kang luput.

7. Nanging ora duwe anak, sabab Elisabet iku gabug lan karone wis padha tuwa.

8. Ing sawijining dina, nalika pinuju giliraning golongane, Zakharia ngimami ana ngarsaning Pangeran.

9. Sabab nalika diundhi kaya adate, kanggo namtokake imam kang maju ing gawe, dheweke kang katuding lumebu ing Padaleman Suci ngobong dupa.

10. Nalika samana umat kabeh kumpul ana ing jaba padha sembahyang ing wektu pangobonging dupa.

11. Imam Zakharia banjur dikatingali malaekating Pangeran, jumeneng ing satengahing misbyah padupan.

12. Imam Zakharia bareng weruh kaget lan wedi.

13. Nanging malaekat mau banjur ngandika: “Aja wedi, Zakharia, awit pandongamu wis kabul, lan Elisabet, bojomu, bakal nglairake anakmu lanang, iku jenengna Yokanan.

14. Iku bakal ndadekake bungah lan renamu, apadene akeh wong kang bakal bungah marga saka laire bocah mau.

15. Mulane mangkono awit iku bakal pinunjul ana ing ngarsaning Pangeran, lan bakal ora ngombe anggur utawa liya-liyane kang mendemi, sarta bakal kapenuhan ing Roh Suci wiwit saka ing guwagarbane ibune.

16. Apadene bakal njalari akeh wong Israel padha mratobat marang Pangeran, Allahe,

17. tuwin bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindake Pangeran kanthi roh lan panguwasane Elia, supaya bisaa mbalekake atine para bapa marang para anak, sarta nuntun wong mursal marang kamursidan, dadine nyawisake umat kang sembada tumrap ing Pangeran!”

Lukas 1