Lukas 1:59-78 Kitab Sutji (JAV)

59. Ing wolang dinane wong-wong mau padha teka njenengi, anggone bayine bakal ditetaki lan bakal dijenengake Zakharia manut jenenge bapakne.

60. Nanging ibune calathu: “Aja, jenenge kudu Yokanan.”

61. Pangucape wong akeh mau: “Sanak-sanakmu ora ana sing jenenge mangkono.”

62. Banjur padha takon marang bapakne kanthi sasmita, bakal dijenengake sapa.

63. Zakharia nuli njaluk sabak lan nulis: “Jenenge kudu Yokanan.” Wong kabeh padha gumun.

64. Padha sanalika cangkeme lan ilate padha kabuka lan banjur bisa calathu lan ngluhurake Gusti Allah.

65. Para tangga-teparone padha ketaman ing wedi, apadene lelakon mau banjur tansah dadi rerasanane wong-wong ing pagunungan Yudea kabeh.

66. Lan kabeh wong sing padha krungu, padha tansah mikir sarta ngucap: “Bocah iki bakale dadi apa ta besuk?” Amarga kaayoman ing astaning Pangeran.

67. Zakharia, bapakne, marga saka kapenuhan ing Roh Suci, banjur medhar wangsit, pangucape:

68. “Pinujia Pangeran, Allahe Israel,sabab wis nuweni umate lan paring pangluwaran.

69. Panjenengane nukulake sunguning karahayonkanggo kita ana ing tedhake Sang Prabu Dawud, abdine,

70. -- kaya kang wis kapangandikakake wiwit kuna mula lumantar para nabine kang suci --

71. supaya kita luwar saka ing mungsuh-mungsuh kita lan saka ing tangane kabeh wong kang padha sengit marang kita.

72. Supaya leluhur kita bisa nyumerepi sih-rahmate lan anggone enget marnag prajanjiane kang suci,

73. yaiku supaos kang dipangandikakake marang Rama Abraham, leluhur kita, yen Panjenengane paring kanugrahan marang kita,

74. supaya kita luwar saka ing tanganing mungsuh,bisa ngabekti marang Panjenengane tanpa rasa wedi,

75. ing sajroning kasucen lan kabeneran ana ing ngarsane,sajege urip kita.

76. Dene kowe, ngger, anakku, bakal kasebut nabining Allah Kang Mahaluhur,amarga kowe bakal lumaku dadi cecalandhisiki tindake Pangeran prelu nyawisakedalan kagem Panjenengane,

77. lan ngretekake umate marang dalaning karahayon,adhedasar pangapuraning dosa-dosane

78. marga saka rahmat lan sih-piwelase Allah kita,kang bakal kaasta anggone bakal ngrawuhi kita saka ing ngaluhur, Sang Surya-esuk

Lukas 1