55. kaya kang wis kaprasetyakake marang leluhur kita, marang Rama Abraham lan turun-turune, kanggo ing salawas-lawase.”
56. Maryam anggone ana ing omahe Elisabet mau watara telung sasi, banjur mulih.
57. Bareng Elisabet anggone ngandheg wis tekan ing leke, banjur nglairake jabang-bayi lanang.
58. Nalika tangga-teparone lan sanak-sadulure krungu pawarta yen Gusti Allah wis paring sih kamurahane kang samono gedhene iku, padha melu bungah.
59. Ing wolang dinane wong-wong mau padha teka njenengi, anggone bayine bakal ditetaki lan bakal dijenengake Zakharia manut jenenge bapakne.
60. Nanging ibune calathu: “Aja, jenenge kudu Yokanan.”
61. Pangucape wong akeh mau: “Sanak-sanakmu ora ana sing jenenge mangkono.”
62. Banjur padha takon marang bapakne kanthi sasmita, bakal dijenengake sapa.
63. Zakharia nuli njaluk sabak lan nulis: “Jenenge kudu Yokanan.” Wong kabeh padha gumun.
64. Padha sanalika cangkeme lan ilate padha kabuka lan banjur bisa calathu lan ngluhurake Gusti Allah.
65. Para tangga-teparone padha ketaman ing wedi, apadene lelakon mau banjur tansah dadi rerasanane wong-wong ing pagunungan Yudea kabeh.
66. Lan kabeh wong sing padha krungu, padha tansah mikir sarta ngucap: “Bocah iki bakale dadi apa ta besuk?” Amarga kaayoman ing astaning Pangeran.
67. Zakharia, bapakne, marga saka kapenuhan ing Roh Suci, banjur medhar wangsit, pangucape:
68. “Pinujia Pangeran, Allahe Israel,sabab wis nuweni umate lan paring pangluwaran.
69. Panjenengane nukulake sunguning karahayonkanggo kita ana ing tedhake Sang Prabu Dawud, abdine,
70. -- kaya kang wis kapangandikakake wiwit kuna mula lumantar para nabine kang suci --
71. supaya kita luwar saka ing mungsuh-mungsuh kita lan saka ing tangane kabeh wong kang padha sengit marang kita.