50. Tuwin rahmate turun-tumurun tumrap wong kang wedi asih marang Panjenengane.
51. Panjenengane ngatingalake panguwaose kaawan pakaryaning astane lan mbuyarake wong kang angkuh atine.
52. Panjenengane nglorod wong-wong kang kuwasa saka ing kalenggahane, lan ngumurake wong kang asor.
53. Panjenengane ngluberake samubarang kang becik marang wong kang keluwen, lan wong kang sugih padha tinundhung legeh.
54. Panjenengane nulungi Israel, abdine, awit enget marang rahmate,
55. kaya kang wis kaprasetyakake marang leluhur kita, marang Rama Abraham lan turun-turune, kanggo ing salawas-lawase.”
56. Maryam anggone ana ing omahe Elisabet mau watara telung sasi, banjur mulih.
57. Bareng Elisabet anggone ngandheg wis tekan ing leke, banjur nglairake jabang-bayi lanang.
58. Nalika tangga-teparone lan sanak-sadulure krungu pawarta yen Gusti Allah wis paring sih kamurahane kang samono gedhene iku, padha melu bungah.
59. Ing wolang dinane wong-wong mau padha teka njenengi, anggone bayine bakal ditetaki lan bakal dijenengake Zakharia manut jenenge bapakne.
60. Nanging ibune calathu: “Aja, jenenge kudu Yokanan.”
61. Pangucape wong akeh mau: “Sanak-sanakmu ora ana sing jenenge mangkono.”
62. Banjur padha takon marang bapakne kanthi sasmita, bakal dijenengake sapa.
63. Zakharia nuli njaluk sabak lan nulis: “Jenenge kudu Yokanan.” Wong kabeh padha gumun.
64. Padha sanalika cangkeme lan ilate padha kabuka lan banjur bisa calathu lan ngluhurake Gusti Allah.
65. Para tangga-teparone padha ketaman ing wedi, apadene lelakon mau banjur tansah dadi rerasanane wong-wong ing pagunungan Yudea kabeh.
66. Lan kabeh wong sing padha krungu, padha tansah mikir sarta ngucap: “Bocah iki bakale dadi apa ta besuk?” Amarga kaayoman ing astaning Pangeran.