40. Bareng lumebu ing omahe Zakharia tumuli uluk-salam marang Elisabet.
41. Kocapa nalika Elisabet krungu uluk-salame Maryam, bayi kandhutane nggronjal, wasana Elisabet banjur kapenuhan ing Roh Suci
42. sarta kalawan sora calathu: “Kowe iku binarkahan ana ing antarane wong wadon kabeh, apamaneh binarkahana wohing kandhutanmu.
43. Sapa ta aku iki, dene nganti karawuhan ibune Gustiku?
44. Amarga sanyatane, bareng uluk-salammu umama ing kupingku, bayi kandhutanku nggronjal, marga saka senenge.
45. Lah rahayu, kang wis pracaya iku, salam apa kang dipangandikakake dening Pangeran marang wong iku, mesthi bakal kalakon.”
46. Maryam banjur ngucap mangkene:“Nyawaku ngluhurake Pangeran
47. lan aku bungah marga saka Allah, Juruslametku.
48. Sabab Panjenengane wis ngudaneni asoring abdine.Lah wiwit saiki sakehing turun bakal ngaran aku rahayu,
49. jalaran Kang Mahakuwasa wis nindakake pakaryan-pakaryan kang pinunjul marang aku sarta suci asmane.
50. Tuwin rahmate turun-tumurun tumrap wong kang wedi asih marang Panjenengane.
51. Panjenengane ngatingalake panguwaose kaawan pakaryaning astane lan mbuyarake wong kang angkuh atine.
52. Panjenengane nglorod wong-wong kang kuwasa saka ing kalenggahane, lan ngumurake wong kang asor.
53. Panjenengane ngluberake samubarang kang becik marang wong kang keluwen, lan wong kang sugih padha tinundhung legeh.
54. Panjenengane nulungi Israel, abdine, awit enget marang rahmate,
55. kaya kang wis kaprasetyakake marang leluhur kita, marang Rama Abraham lan turun-turune, kanggo ing salawas-lawase.”
56. Maryam anggone ana ing omahe Elisabet mau watara telung sasi, banjur mulih.