Lukas 1:4-9 Kitab Sutji (JAV)

4. ing pangangkah, supados panjenengan saged nguningani, bilih sadaya ingkang sampun kawulangaken dhateng panjenengan punika saestu leres.

5. Nalika jamane Sang Prabu Herodhes, nata ing tanah Yudea, ana sawijining imam, jenenge Zakharia, kalebu golongan Abia. Bojone uga trahe Harun, jenenge Elisabet.

6. Sakarone padha mursid ana ing ngarsane Allah lan tansah nindakake pepakon lan pranataning Pangeran, ora ana kang luput.

7. Nanging ora duwe anak, sabab Elisabet iku gabug lan karone wis padha tuwa.

8. Ing sawijining dina, nalika pinuju giliraning golongane, Zakharia ngimami ana ngarsaning Pangeran.

9. Sabab nalika diundhi kaya adate, kanggo namtokake imam kang maju ing gawe, dheweke kang katuding lumebu ing Padaleman Suci ngobong dupa.

Lukas 1