21. Kacarita wong akeh, kang padha ngenteni Imam Zakharia, padha gumun, dene suwe temen anggone ana ing Padaleman Suci.
22. Bareng metu, ora bisa ngucap marang wong akeh iku, banjur padha mangreti, yen Zakharia mentas tampa wahyu ana ing Padaleman Suci. Wasana mung aweh sasmita bae jalaran tetep bisu.
23. Bareng ing dina rampunging kawajibane, Zakharia banjur mulih.
24. Kacarita ora let suwe Elisabet, bojone nuli ngandheg lan sajroning limang sasi ora tau metu-metu, pangucape:
25. “Ya iki pandamele Pangeran marang aku anggone karsa ngluwari aku saka ing kawiranganku ana ing ngareping wong.”
26. Bareng wis nem sasine Gusti Allah ngutus malaekat Gabriel menyang ing sawijining kutha ing tanah Galilea kang aran Nasaret,
27. manggihi prawan kang pacangan karo wong kang aran Yusuf, tedhake Sang Prabu Dawud. Prawan mau jenenge Maryam.
28. Nalika malaekat mau lumebu ing omahe Maryam, banjur ngandika: “Bagea, kowe kang kinasihan, Pangeran tansah nganthi marang kowe.”
29. Krungu pangandika mangkono iku Maryam kaget, lan nggagas, apa tegese iku.
30. Malaekat nuli ngandika: “Aja wedi, Maryam, awit kowe oleh sih-kanugrahan ana ing ngarsaning Pangeran.
31. Lah kowe bakal ngandheg lan bakal mbabar Putra kakung. Iku asmakna Yesus.
32. Panjenengane bakal pinunjul lan bakal kasebut Putraning Allah Kang Mahaluhur. Apadene Gusti Allah bakal maringi marang Panjenengane dhampare Sang Prabu Dawud, leluhure.
33. Sarta Panjenengane bakal jumeneng dadi Ratuning para turune Yakub nganti salawas-lawase, tuwin kratone iku bakal ora ana wekasane.”
34. Maryam banjur matur marang malaekat mau: “Punika sagedipun kalampahan kadospundi, jalaran kawula dereng emah-emah?”
35. Paring wangsulane malaekat: “Roh Suci bakal nedhaki kowe, sarta kuwasane Kang Mahaluhur bakal ngayomi kowe; mulane Putra kang bakal miyos iku bakal kasebut suci, Putraning Allah.
36. Lah Elisabet, sanakmu, kang wis tuwa iku, iya lagi ngandhut anak lanang, dene saprene wis nem sasi, mangka wis diarani gabug.
37. Amarga tumraping Allah ora ana barang kang mokal.”
38. Maryam banjur munjuk, “Sumangga, kawula punika abdinipun Pangeran, kadhatengana kadosdene ingkang Paduka ngandikakaken.” Sawise mangkono malaekat banjur tindak, niar Maryam.