Lukas 1:12-30 Kitab Sutji (JAV)

12. Imam Zakharia bareng weruh kaget lan wedi.

13. Nanging malaekat mau banjur ngandika: “Aja wedi, Zakharia, awit pandongamu wis kabul, lan Elisabet, bojomu, bakal nglairake anakmu lanang, iku jenengna Yokanan.

14. Iku bakal ndadekake bungah lan renamu, apadene akeh wong kang bakal bungah marga saka laire bocah mau.

15. Mulane mangkono awit iku bakal pinunjul ana ing ngarsaning Pangeran, lan bakal ora ngombe anggur utawa liya-liyane kang mendemi, sarta bakal kapenuhan ing Roh Suci wiwit saka ing guwagarbane ibune.

16. Apadene bakal njalari akeh wong Israel padha mratobat marang Pangeran, Allahe,

17. tuwin bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindake Pangeran kanthi roh lan panguwasane Elia, supaya bisaa mbalekake atine para bapa marang para anak, sarta nuntun wong mursal marang kamursidan, dadine nyawisake umat kang sembada tumrap ing Pangeran!”

18. Zakharia banjur munjuk marang malaekat mau: “Kadospundi anggen kawula saged mangretos, bilih bab punika saestu badhe kalampahan? Sabab kawula sampun sepuh, saha semah kawula sampun lungse ing wanci.”

19. Paring wangsulane malaekat: “Aku iki Gabriel sing ngladosi Gusti Allah lan aku diutus ndhawuhi kowe, sarta nglantarake pawarta kabungahan iki marang kowe.

20. Lah, kowe bakal bisu lan ora bisa caturan nganti tekan titimangsa kalakone iku kabeh, amarga kowe ora ngandel marang kandhaku kang mesthi bakal kalakon ing wektu kang wis katamtokake.”

21. Kacarita wong akeh, kang padha ngenteni Imam Zakharia, padha gumun, dene suwe temen anggone ana ing Padaleman Suci.

22. Bareng metu, ora bisa ngucap marang wong akeh iku, banjur padha mangreti, yen Zakharia mentas tampa wahyu ana ing Padaleman Suci. Wasana mung aweh sasmita bae jalaran tetep bisu.

23. Bareng ing dina rampunging kawajibane, Zakharia banjur mulih.

24. Kacarita ora let suwe Elisabet, bojone nuli ngandheg lan sajroning limang sasi ora tau metu-metu, pangucape:

25. “Ya iki pandamele Pangeran marang aku anggone karsa ngluwari aku saka ing kawiranganku ana ing ngareping wong.”

26. Bareng wis nem sasine Gusti Allah ngutus malaekat Gabriel menyang ing sawijining kutha ing tanah Galilea kang aran Nasaret,

27. manggihi prawan kang pacangan karo wong kang aran Yusuf, tedhake Sang Prabu Dawud. Prawan mau jenenge Maryam.

28. Nalika malaekat mau lumebu ing omahe Maryam, banjur ngandika: “Bagea, kowe kang kinasihan, Pangeran tansah nganthi marang kowe.”

29. Krungu pangandika mangkono iku Maryam kaget, lan nggagas, apa tegese iku.

30. Malaekat nuli ngandika: “Aja wedi, Maryam, awit kowe oleh sih-kanugrahan ana ing ngarsaning Pangeran.

Lukas 1