Lukas 1:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Sampun kathah tiyang ingkang sami ndhapuk cariyos bab lelampahan-lelampahan ingkang dumados wonten ing kalangan kita,

2. kadosdene ingkang sami kita tampeni saking tiyang-tiyang, ingkang wiwit sakawit sami nyumerepi piyambak lan sami dados paladosing Pangandika.

3. Awit saking punika, sasampunipun kula nitipriksa sadaya kadadosan wau wiwit ing wiwitanipun kanthi saestu, kakencenganing manah kula, lajeng kula dadosaken buku ingkang isinipun tumata saha ingkang lajeng kula aturaken ing ngarsa panjenengan punika, dhuh, Sang Teofilus,

4. ing pangangkah, supados panjenengan saged nguningani, bilih sadaya ingkang sampun kawulangaken dhateng panjenengan punika saestu leres.

5. Nalika jamane Sang Prabu Herodhes, nata ing tanah Yudea, ana sawijining imam, jenenge Zakharia, kalebu golongan Abia. Bojone uga trahe Harun, jenenge Elisabet.

6. Sakarone padha mursid ana ing ngarsane Allah lan tansah nindakake pepakon lan pranataning Pangeran, ora ana kang luput.

Lukas 1