Lelakone Para Rasul 8:27-29 Kitab Sutji (JAV)

27. Tumuli ana wong Etiopia, sawijining priyagung panjaga kaputren, kapala juru gedhonge Sri Kandhake, nata putri ing nagara Etiopia, kang tindak menyang Yerusalem prelu nindakake pangibadah.

28. Nalika samono panjenengane lagi tindak kondur nitih kreta karo maos kitabe Nabi Yesaya.

29. Sang Filipus banjur kadhawuhan dening Roh: “Mronoa, cedhakana kreta iku!”

Lelakone Para Rasul 8