Lelakone Para Rasul 8:1a-3 Kitab Sutji (JAV)

1a. Saulus uga nyarujuki ing bab sedane Sang Stefanus.

1b. Ing nalika iku pasamuwan ing Yerusalem wiwit nandhang panganiaya kang banget. Kabeh padha buyar, pating slebar ana ing tlatah Yudea lan Samaria, kajaba para rasul.

2. Para wong saleh padha ngubur layone Sang Stefanus, sarta banget anggone padha nangisi.

3. Nanging Saulus ngudi marang sirnane pasamuwan, saben omah dileboni, wong lanang lan wong wadon padha diglandhangi lan dipasrahake marang ing pakunjaran.

Lelakone Para Rasul 8