Lelakone Para Rasul 4:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika Rasul Petrus lan Rasul Yokanan lagi mangandikani wong akeh, dumadakan padha katekanan para imam lan lelurahe jaga baya Padaleman Suci sarta para wong Saduki.

2. Wong-wong iku padha nepsu banget, jalaran karone padha mulang marang wong akeh sarta wewarta, yen ana ing Gusti Yesus ana patangen saka ing antarane wong mati.

3. Banjur padha dicepeng lan ditahan nganti dina candhake, amarga wayahe wis sore.

4. Nanging wong kang padha ngrungokake piwulange mau akeh kang manjing pracaya, temahan cacahe wong lanang kira-kira dadi limang ewu.

5. Kacarita esuke para pangarepe wong Yahudi lan para pinituwa sarta para ahli Toret padha nganakake parepatan ana ing Yerusalem

6. karo Imam Agung Hanas lan Kayafas, Yokanan lan Aleksandher apadene kabeh wong, kang kagolong trah Imam Agung.

Lelakone Para Rasul 4