Lelakone Para Rasul 25:12-22 Kitab Sutji (JAV)

12. Bareng wis karembag karo para warganing pangadilan, Sang Festus banjur ngandika: “Kowe nyuwun munggah marang Sang Nata Agung, yen mangkono kowe kudu sowan ing ngarsane Sang Nata Agung.”

13. Let sawatara dina Sang Prabu Agripa karo Sang Putri Bernike rawuh ing Kaisarea karsa mbagekake Sang Festus.

14. Sarehne lereb ana ing kono sawatara dina, Sang Festus nyariyosake prakarane Rasul Paulus marang Sang Nata, ature: “Ing ngriki wonten satunggaling tiyang tahanan ingkang dipun tilar Feliks, nalika tindak.

15. Kala kula wonten ing Yerusalem, para pangajenging imam saha para pinisepuhipun tiyang Yahudi sami nggigat piyambakipun saha nyuwun, supados tiyang punika dipun ukum.

16. Kula mangsuli, bilih tiyang Rum boten gadhah adat masrahaken dakwa kadosdene ganjaran, saderengipun ajeng-ajengan kaliyan ingkang sami ndakwa saha dipun lilani ngaturaken panjawab tumrap gigatanipun.

17. Milanipun tiyang-tiyang wau lajeng sami tumut mriki sesarengan kaliyan kula. Enjingipun kula lajeng ngawontenaken parepatan pangadilan saha aken ngladosaken tiyang punika.

18. Nanging sareng tiyang-tiyang ingkang sami nggigat ngadeg ngupengi piyambakipun, sami boten ngajengaken gigatan bab pandamel awon, kados panginten kula.

19. Tiyang-tiyang wau namung sami padudon ing bab-bab ingkang gegayutan kaliyan agaminipun saha satunggalipun tiyang ingkang nama Yesus, ingkang sampun pejah, mangka Paulus mratelakaken, bilih Piyambakipun gesang.

20. Sarehning kula kewedan anggen kula mriksa prakawis ingkang kados makaten punika, kula lajeng naros piyambakipun, punapa purun dhateng Yerusalem, supados prakawisipun dipun adili wonten ing ngrika.

21. Nanging Paulus nginggahaken prakawisipun. Piyambakipun nyuwun, supados lestantun dipun tahan, ngantos prakawisipun kaputus dening Sang Nata Agung. Milanipun lajeng kula dhawuhaken, supados tiyang punika lestantun katahan ngantos saged kula sowanaken dhateng ing ngarsanipun Sang Nata Agung.”

22. Sang Prabu Agripa ngandika marang Sang Festus: “Kula kapengin mirengaken paturanipun tiyang punika piyambak.” Atur wangsulane Sang Festus: “Benjing-enjing panjenengan badhe mindhangetaken.”

Lelakone Para Rasul 25