Lelakone Para Rasul 23:21 Kitab Sutji (JAV)

Nanging panjenengan sampun ngantos midhangetaken tiyang-tiyang wau, amargi wonten panunggilanipun ingkang cacahipun langkung saking kawan dasa, ingkang smapun mirantos badhe nyegat piyambakipun. Tiyang-tiyang wau sampun sami sumpah kalawan nyupaosi badanipun piyambak boten badhe nedha saha ngombe saderengipun mejahi piyambakipun. Sapunika sampun sami mirantos, kantun ngentosi putusan panjenengan.”

Lelakone Para Rasul 23

Lelakone Para Rasul 23:13-29