Lelakone Para Rasul 23:1-2 Kitab Sutji (JAV)

1. Rasul Paulus banjur mandeng marang para warganing Pradata Agama sarta matur: “Para sadherek, ngantos dumugi dinten punika kula tetep gesang kalayan raosing manah ingkang resik wonten ing ngarsaning Allah.”

2. Nanging Imam Agung Ananias dhawuh marang wong-wong kang padha ngadeg cedhak Rasul Paulus, supaya napuk tutuke Rasul Paulus.

Lelakone Para Rasul 23