8. Esuke aku padha mangkat saka ing kono lan banjur tekan ing kutha Kaisarea, njujug ing daleme Sang Filipus, juru-Injil, yaiku panunggalane kang pitu, kang kapilih ana ing Yerusalem. Aku padha nginep ana ing kono.
9. Sang Filipus iku kagungan putra estri papat, isih prawan, kang padha ginanjar bisa medhar wangsit.
10. Sawise lereb sawatara dina ana ing kono, ana sawijining nabi kang rawuh saka ing tanah Yudea, asmane Nabi Agabus.
11. Iku manggihi aku kabeh, banjur mundhut ageme peningset Rasul Paulus, diagem nangsuli sampeyane lan astane piyambak kalawan ngandika: “Pangandikane Sang Roh Suci: Kang kagungan paningset iki bakal kabesta mangkene iki dening wong-wong Yahudi ing Yerusalem sarta bakal kapasrahake marang tangane bangsa-bangsa liya.”
12. Krungu kang mangkono iku aku kabeh dalasan para siswa ing panggonan kono banjur padha matur marang Rasul Paulus, supaya aja tindak menyang ing Yerusalem.
13. Nanging Rasul Paulus maringi wangsulan mangkene: “Yagene kowe padha nangis lan gawe trenyuhing atiku? Amarga aku wis cumandhang, ora ngemungake dibanda bae, malah sanadyan nganti dipateni pisan ana ing Yerusalem marga saka asmane Gusti Yesus.”
14. Sarehne ora karsa ndhahar aturku kabeh, aku iya banjur mung sumarah sarta ngucap: “Karsane Pangeran muga kalampahana!”
15. Bareng ana ing kutha Kaisarea wis sawatara dina, aku nuli padha tata-tata sarta banjur mangkat menyang Yerusalem.
16. Para siswa ing Kaisarea iya ana sawatara kang padha melu, ngeterake aku kabeh menyang ing omahe sawijining siswa lawas kang aran Manason, wong saka ing Siprus, kang bakal dakpondhoki.
17. Nalika aku padha teka ing Yerusalem, kabeh sadulur nampani aku kalawan bungahing ati.
18. Esuke Rasul Paulus tindak bebarengan karo aku menyang ing daleme Sang Pinisepuh Yakobus; kabeh para pinituwa wis padha ana ing kono.
19. Sawise sesalaman, Rasul Paulus banjur nyaritakake kalawan wijang apa kang wus katindakake dening Allah ana ing antarane bangsa-bangsa liya sarana pangabdine.
20. Krungu kang mangkono iku, kabeh padha ngluhurake Gusti Allah. Banjur padha matur marang Rasul Paulus: “Sadherek, panjenengan nguningani, bilih tiyang Yahudi ewon ingkang sampun sami manjing pitados saha sami sregep nabereni ing angger-angger.
21. Ananging tiyang-tiyang wau sami mireng pawartos bab panjenengan mulang dhateng sadaya tiyang Yahudi ingkang sami manggen ing satengahing bangsa-bangsa sanes, supados sami nilar angger-anggeripun Nabi Musa, sami panjenengan penging sampun ngantos netaki anak-anakipun tuwin manut tata-cara kita.