Lelakone Para Rasul 20:8-19 Kitab Sutji (JAV)

8. Ing gedhong ing dhuwur kang padha dakanggo kumpulan iku, akeh damare.

9. Ing kono ana wong nom-noman jenenge Eutikhus, linggih ing cendhela. Sarehne Rasul Paulus suwe banget anggone ngandikan wong anom mau ora bisa nahan ngantuke. Wasana banjur keturon, temahan tiba saka ing tataran katelu. Bareng digotong, wong mau wis mati.

10. Nanging Rasul Paulus banjur mandhap, ngrungkebi wong anom iku, dirangkul kalawan ngandika: “Wis aja padha ribut, dheweke isih urip.”

11. Bareng wangsul minggah, Rasul Paulus banjur nyuwil-nyuwil roti lan dhahar, isih ngandikan maneh nganti suwe, nganti wanci bang-bang wetan, banjur bidhal.

12. Nalika samana wong-wong padha ngeterake jejaka mau menyang ing omahe, wis urip, temahan kabeh padha banget lipure.

13. Aku padha ndhisiki nunggang prau lan layar menyang ing palabuhan Asos. Ana ing kono anggonku bakal padha methuk Rasul Paulus, awit piwelinge mangkono, dene panjenengane piyambak ngarsakake tindak miyos ing dharatan.

14. Bareng wis kapethuk karo aku ana ing Asos, banjur dakdherekake menyang kapal, tumuli mbacutake lelayaran menyang ing kutha Metilene.

15. Sawise mancal saka ing kono, esuke tekan ing sangarepe pulo Khios. Ing dina candhake aku padha menyang ing pulo Samos lan let sadina maneh tekan ing palabuhan Miletus.

16. Amarga Rasul Paulus wis ngrancang ora bakal mampir ing kutha Efesus supaya aja kesuwen ana ing tanah Asia. Sabab karsane ngenggalake tindake, supaya sabisa-bisa ing dina riyaya Pentekosta wis rawuh ing kutha Yerusalem.

17. Marga saka iku Rasul Paulus banjur utusan wong saka Miletus menyang ing Efesus nimbali para pinituwane pasamuwan.

18. Satekane padha dipangandikani mangkene: “Kowe padha sumurup, kapriye anggonku pitepungan karo kowe wiwit tekaku ana ing tanah Asia iki:

19. anggonku kalawan andhap asor ngabdi marang Gusti. Sajroning pangabdi iku aku kerep banget ngetokake eluh nganti carocosan sarta ngalami pangrencanane wong Yahudi pirang-pirang, kang arep mateni aku.

Lelakone Para Rasul 20