3. Sawuse telung sasi ana ing kono panjenengane arep layar menyang ing tanah Siria. Nanging ing nalika iku wong-wong Yahudi padha ngrantam arep nyedani panjenengane. Mulane wangsule karsa miyos ing tanah Makedhonia.
4. Tindake didherekake dening Sopater anake Pirus, wong ing kutha Berea, Aristarkhus lan Sekundus, karone wong ing kutha Tesalonika, Gayus saka ing kutha Derbe, Timoteus lan wong loro saka ing tanah Asia, yaiku Tikhikus lan Trofimus.
5. Nanging iku padha mangkat dhisik lan ngenteni aku kabeh ana ing Troas.
6. Nanging sawise riyaya Roti Tanpa Ragi aku kabeh padha mancal saka ing kutha Filipi lan sawise patang dina tekan ing kutha Troas lan ketemu karo sadulur-sadulur mau kabeh. Ana ing kono aku padha nginep pitung dina.
7. Nalika ing dina kapisan ing minggu iku, aku padha nglumpuk nyuwil-nyuwil roti. Rasul Paulus reraosan karo para sadulur ing kono, jalaran karsane arep bidhal esuke. Anggone ngandikan iku nganti wanci tengah wengi.