1. Bareng pagegere wis sirep, Rasul Paulus tumuli nimbali para siswa padha disantosakake atine lan swise pamitan banjur bidhal menyang ing tanah Makedhonia;
2. ndlajahi talatah kono sarta nyantosakake atine para sadulur ing kono kalawan pitutur akeh-akeh. Banjur rawuh ing tanah Yunani.
3. Sawuse telung sasi ana ing kono panjenengane arep layar menyang ing tanah Siria. Nanging ing nalika iku wong-wong Yahudi padha ngrantam arep nyedani panjenengane. Mulane wangsule karsa miyos ing tanah Makedhonia.
4. Tindake didherekake dening Sopater anake Pirus, wong ing kutha Berea, Aristarkhus lan Sekundus, karone wong ing kutha Tesalonika, Gayus saka ing kutha Derbe, Timoteus lan wong loro saka ing tanah Asia, yaiku Tikhikus lan Trofimus.
5. Nanging iku padha mangkat dhisik lan ngenteni aku kabeh ana ing Troas.
6. Nanging sawise riyaya Roti Tanpa Ragi aku kabeh padha mancal saka ing kutha Filipi lan sawise patang dina tekan ing kutha Troas lan ketemu karo sadulur-sadulur mau kabeh. Ana ing kono aku padha nginep pitung dina.