17. Awit saka iku ana ing papan pangibadah banjur wawan pangandika karo wong-wong Yahudi lan wong-wong kang padha bekti ing Allah, apadene saben dina ana ing pasar karo wong-wong kang katrenjuh ana ing kono.
18. Uga ana ahli pikir sawatara saka golongan Epikurus lan Stoa kang padha sarasean karo panjenengane. Ana kang ngucap: “Apa ta sing arep dikandhakake tukang ngoceh iku?” Nanging liyane kandha: “Sajake wong iku nggiyarake piwulange dewa-dewa anyar.” Sabab kang diwartakake iku Injil bab Gusti Yesus lan patangen.
19. Wong-wong mau banjur padha ngaturi Rasul Paulus tindak menyang ing parepatan ing Areopagus lan matur: “Punapa kula sami kepareng mirengaken piwulang enggal ingkang panjenengan wulangaken punika?
20. Amargi kula sami panjenengan wartosi prakawis-prakawis ingkang aneh. Milanipun kula sami kapengin mangretos, punapa tegesipun punika sadaya.”
21. Wong-wong Atena lan wong-wong manca kang padha manggon ing kono iku ora kober mrelokake bab liyane kajaba mung ngandhakake lan ngrungokake samubarang kang anyar.