Lelakone Para Rasul 16:28-34 Kitab Sutji (JAV)

28. Nanging Rasul Paulus tumuli nguwuh seru, pangandikane: “Sampun mbilaeni sarira, awit kula sadaya taksih wonten ing ngriki!”

29. Lurah pakunjaran banjur njaluk colok lan enggal-enggal lumebu apadene nuli sumungkem ana ing ngarsane Rasul Paulus lan Silas kalawan gumeter.

30. Tumuli padha diirid metu, karo matur: “Dhuh, para sadherek, punapa ingkang kedah kula lampahi, supados wilujeng?”

31. Banjur dipangandikani: “Kula aturi pitados dhateng Gusti Yesus Kristus, temah panjenengan badhe wilujeng, panjenengan dalah brayat panjenengan.”

32. Banjur diwartani pangandikane Pangeran, samono uga wong saisine omahe kabeh.

33. Ing wektu iku uga sakarone padha disirami bilure, sarta ing bengi iku uga lurah pakunjaran mau dalah brayate padha kabaptis.

34. Sakarone banjur didherekake menyang ing omahe lan padha dicaosi pisegah. Lurah pakunjaran mau banget bungahe dene dheweke lan kabeh wong saisining omahe wis padha manjing pracaya marang Gusti Allah.

Lelakone Para Rasul 16