Lelakone Para Rasul 16:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Rasul Paulus uga rawuh ing kutha Derbe lan Listra. Ing kono ana sawijining siswa jenenge Timoteus, embokne wong Yahudi kang wus manjing pracaya, dene bapakne wong Yunani.

2. Timoteus iku wus kaseksenan becike dening para sadulur ing kutha Listra lan ing kutha Ikonium.

3. Karsane Rasul Paulus, iku dadia kanthine ing lampah. Rasul Paulus banjur dhawuh supaya ditetaki marga saka anane wong Yahudi kang padha ana ing wewengkon kono, awit kabeh padha sumurup, yen bapakne iku wong Yunani.

Lelakone Para Rasul 16