8. Mangka Gusti Allah ingkang nguningani manahing manungsa, sampun kepareng nampeni tiyang-tiyang wau, lajeng ugi sami kaparingan Roh Suci kadosdene kita,
9. punapadene Panjenenganipun babar pisan boten mawi mbeda-mbedakaken tiyang-tiyang wau kaliyan kita, sasampunipun nucekaken manahipun sarana pitados.
10. Milanipun kadospundi dene panjenengan sadaya sami nyobi dhateng Gusti Allah kanthi patrap ngetrapaken rembatan ing pundhakipun para siswa, ingkang leluhur kita utawi kita piyambak boten kiyat ngrembat.
11. Kosokwangsulipun kita pitados, bilih kita badhe tampi karahayon margi saking sih-rahmatipun Gusti Yesus Kristus kadosdene sadherek-sadherek punika.”
12. Kabeh sing padha marepat banjur padha meneng, tumuli padha ngrungokake critane Rasul Paulus lan Barnabas bab pratandha lan kaelokan kang ditindakake dening Gusti Allah lumantar rasul loro iku ana ing antarane bangsa-bangsa liya.
13. Bareng Rasul Paulus lan Barnabas wis rampung anggone cariyos, Sang Pinisepuh Yakobus banjur ngandika: “Para sadherek, sami kula aturi mirengaken atus kula:
14. Sadherek Simon mentas nyariyosaken, bilih wiwit-wiwitan mila Gusti Allah sampun ngatingalaken sih-rahmatipun, inggih punika anggenipun milih satunggaling bangsa saking antawisipun bangsa-bangsa sanes wau kagem asmanipun.
15. Bab punika cocog kaliyan pangandikanipun para nabi, ingkang kaseratan, wiraosipun:
16. Sawuse mangkono Ingsun bakal wangsulsarta mbangun maneh tarube Dawud kang wis rubuh,lan jugrugane bakal Sunbangun maneh sarta Sunsantosakake,
17. supaya wong-wong liyane kabeh padha ngupaya marang Pangeran,mangkono uga kabeh wong kang ora wanuh marang Gusti Allah,kang Ingsun sebut kagunganingSun.Mangkono pangandikane Pangeran, kang nindakake iku kabeh,
18. kang wus kauningan wiwit sakawit.
19. Awit saking punika pamanggih kula, kita sampun ngantos damel rekaosipun para sadherek saking bangsa-bangsa sanes, ingkang sami mratobat dhateng Gusti Allah.
20. Prayoginipun kita kintun serat dhateng sadherek-sadherek punika, supados sami nyirik tetedhan ingkang sampun kajemberaken dening brahala, saha nebihi lampah jina, punapadene nyirik dagingipun kewan tetakan tuwin rah.
21. Amargi sampun wiwit jaman rumiyin angger-anggeripun Nabi Musa punika kaundhangaken wonten ing saben kitha, saha dumugi sapriki ing saben dinten Sabat kawaos wonten ing papan-papan pangibadah.”