Lelakone Para Rasul 15:33-41 Kitab Sutji (JAV)

33. Lan sawise ana ing kono sawatara mangsa, banjur padha dililani bali dening para sadulur menyang ing ngarsane kang ngutus kalawan disangoni slamet.

34. Nanging Silas milaur keri ana ing kono.

35. Rasul Paulus lan Barnabas anggone ana ing Antiokhia nganti sawatara suwe padha bebarengan lan wong akeh liyane memulang sarta nggelarake pangandikane Gusti.

36. Nanging bareng wis sawatara lawase Rasul Paulus banjur ngandika marang Barnabas: “Prayogane saiki padha bali niliki para sadulur ing saben kutha, sing wis padha kita sebari pangandikane Gusti, kapriye kaanane.”

37. Barnabas kapengin uga ngajak Yokanan kang apeparab Markus.

38. Nanging Rasul Paulus pratela kalawan kenceng, ora prayoga yen ta ngajak wong kang wus ninggal lunga ana ing kutha Pamfilia lan ora gelem diajak nyambut gawe bebarengan.

39. Bab iki ndadekake dredahe sakarone, temahan padha pepisahan. Barnabas ngajak Markus lan banjur layar menyang Siprus.

40. Dene Rasul Paulus milih Silas, lan sawise kasaosake dening para sadulur marang sih-rahmate Gusti,

41. banjur mangkat njajah ing tanah Siria lan Kilikia, sarta nyantosakake pasamuwan-pasamuwan.

Lelakone Para Rasul 15