Lelakone Para Rasul 15:22-39 Kitab Sutji (JAV)

22. Wasana para rasul tuwin para pinituwa sarta wong sapasamuwan kabeh padha mutus milih wong sawatara saka ing antarane kang bakal kautus menyang ing Antiokhia, bebarengan karo Rasul Paulus lan Barnabas, yaiku Yudas kang peparab Barsabas lan Silas. Iku wong kang padha kajen ana ing antarane para sadulur.

23. Padha digawani layang kang surasane: “Salam kula para rasul saha para pinisepuh, sarta para sadherek panjenengan, katur dhumateng para sadherek ing Antiokhia, Siria lan Kilikia ingkang aslinipun saking bangsa-bangsa sanes.

24. Kula sampun sami mireng, bilih wonten tiyang sawatawis panunggilan kula, ingkang sami damel kejoting panggalih saha damel kuwur panjenengan kalayan piwulangipun, mangka boten sami kula weling.

25. Milanipun kula sampun sami sarembag saha mutus kengkenan tiyang sawatawis manggihi panjenengan sesarengan kaliyan sadherek Barnabas tuwin Paulus ingkang kula tresnani,

26. inggih punika sadherek kalih ingkang sampun masrahaken nyawanipun margi saking asmanipun Gusti kita Yesus Kristus.

27. Wondene ignkang kula kengken sadherek Yudas saha Silas, ingkang badhe ngaturaken kalayan lesan piweling ingkang kaserat punika dhateng panjenengan.

28. Amargi Sang Roh Suci lan kula sampun damel putusan, supados panjenengan sampun ngantos kabebahan nglangkungi ingkang kaperlokaken:

29. Sami nyirika sesajening brahala, rah saha daging kewan tetakan, punapadene lampah jina. Punika sadaya manawi sami panjenengan singkiri, panjenengan sampun tumindak sae. Namung samanten, mugi sami ginanjar wilujeng.”

30. Bareng wis padha pamitan, Yudas lan Silas padha mangkat menyang ing kutha Antiokhia. Ana ing kono wong sapasamuwan banjur marepat, layange nuli diaturake.

31. Bareng wis diwaca, padha bungah awit oleh panglipur.

32. Anadene Yudas lan Silas, sarehne iya padha nabi, mulane nganti sawatara suwe anggone mituturi para sadulur lan nyantosakake atine.

33. Lan sawise ana ing kono sawatara mangsa, banjur padha dililani bali dening para sadulur menyang ing ngarsane kang ngutus kalawan disangoni slamet.

34. Nanging Silas milaur keri ana ing kono.

35. Rasul Paulus lan Barnabas anggone ana ing Antiokhia nganti sawatara suwe padha bebarengan lan wong akeh liyane memulang sarta nggelarake pangandikane Gusti.

36. Nanging bareng wis sawatara lawase Rasul Paulus banjur ngandika marang Barnabas: “Prayogane saiki padha bali niliki para sadulur ing saben kutha, sing wis padha kita sebari pangandikane Gusti, kapriye kaanane.”

37. Barnabas kapengin uga ngajak Yokanan kang apeparab Markus.

38. Nanging Rasul Paulus pratela kalawan kenceng, ora prayoga yen ta ngajak wong kang wus ninggal lunga ana ing kutha Pamfilia lan ora gelem diajak nyambut gawe bebarengan.

39. Bab iki ndadekake dredahe sakarone, temahan padha pepisahan. Barnabas ngajak Markus lan banjur layar menyang Siprus.

Lelakone Para Rasul 15