Lelakone Para Rasul 13:30-47 Kitab Sutji (JAV)

30. Nanging nunten kawungokaken dening Gusti Allah saking antawisipun tiyang pejah,

31. sarta ngantos sawatawis wekdal dangunipun anggenipun ngatingal dhateng para ingkang sami ndherek Panjenenganipun saking tanah Galilea dhateng Yerusalem. Inggih tiyang-tiyang punika ingkang sapunika sami dados seksinipun wonten ing sangajengipun umat punika.

32. Dene kula sadaya sapunika sami martosaken kabar-kabingahan dhateng panjenengan sadaya, inggih punika, bilih prajanjian ingkang kaparingaken dhateng para leluhur kita punika,

33. sampun dipun tetepi dening Gusti Allah tumrap kita, para turunipun, sarana anggenipun ngwungokaken Gusti Yesus, kados ingkang kaseratan ing masmur ingkang kaping kalih:Sira iku PutraningSun!Ingsun wus mutrakake Sira ing dina iki.

34. Gusti Allah sampun ngwungokaken Panjenenganipun saking antawisipun tiyang pejah saha boten badhe kapasrahaken malih dhateng ing karisakan. Bab punika kapratelakaken dening Pangeran wonten ing pangandikanipun makaten:Ingsun bakal netepi prajanji-prajanji kang sucikang kena pinracaya tumrap sira,kang wus Sunparingake marang Dawud.

35. Awit saking punika wonten ing masmur sanesipun pangandikanipun makaten:Paduka boten badhe masrahaken Abdi Padukaingkang suci dhateng karisakan.

36. Awit Sang Prabu Dawud nglampahi karsaning Allah nalika ing jamanipun, lajeng seda saha kasarekaken nunggil kaliyan para leluhuripun, punapadene pancen kaulungaken dhateng ing karisakan.

37. Nanging Gusti Yesus ingkang kawungokaken dening Gusti Allah, boten makaten.

38. Milanipun ndadosna ing kauningan, para sadherek, margi saking Panjenenganipun punika, panjenengan sadaya sami kawartosan bab pangapuntening dosa,

39. saha wonten ing Panjenenganipun saben tiyang ingkang pitados, kaluwaran saking sadaya dosa; punika boten saged panjenengan tampeni saking angger-anggeripun Nabi Musa.

40. Milanipun sami kula aturi waspaos, supados sampun ngantos kalampahan tumrap panjenengan punapa ingkang sampun kapangandikakaken wonten ing kitabipun para nabi, ingkang suraosipun:

41. Dieling, heh wong kang padha watek seneng ngremehake,padha erama lan sirnaa,sabab Ingsun nindakake pakaryan ing jamanira, sawijining pakaryan, kang ora bakal sira andel,saupama dicaritakake marang sira.”

42. Nalika Rasul Paulus lan Barnabas miyos, wong-wong padha nyuwun supaya karo-karone ing dina Sabat candhake karsa paring pangandika maneh bab prakara mau.

43. Sarampunge nindakake pangibadah, wong Yahudi lan para wong kang ngenut agama Yahudi kang padha ngabekti marang Allah, padha ndherek Rasul Paulus lan Barnabas; rasul loro iku padha paring piwulang lan pitutur marang wong-wong mau, supaya padha lestari dumunung ana ing sajroning sih-rahmating Allah.

44. Ing dina Sabat candhake meh wong sakutha kabeh padha nglumpuk ngrungokake pangandikaning Allah.

45. Nanging bareng wong Yahudi padha weruh wong akeh iku, banget panas atine lan padha madoni apa kang dipangandikakake dening Rasul Paulus kalawan ngala-ala.

46. Nanging Rasul Paulus lan Barnabas kanthi kendel mangandikani: “Pancen pangandikaning Allah iku kudu diwartakake marang kowe kabeh dhisik, nanging kowe padha nampik lan nganggep ora pantes tampa urip langgeng. Mulane aku banjur padha marani bangsa-bangsa liya.

47. Sabab aku padha diparingi dhawuh mangkene:Sira wus Suntetepake dadi pepadhangtumrap bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah,supaya sira dadi marganing karahayon nganti tumeka ing pungkasaning bumi.”

Lelakone Para Rasul 13