1. Kira-kira ing wektu iku Sang Prabu Herodhes wiwit tumindak keras marang wong pasamuwan sawatara.
2. Panjenengane dhawuh nyedani Rasul Yakobus, sadhereke Rasul Yokanan, kalawan pedhang.
3. Bareng mirsa, yen bab iku ndadekake senenge atine wong Yahudi, banjur nglajengake tindake kang mangkono iku sarta dhawuh nahan Rasul Petrus. Nalika iku pinuju dina riyaya Roti Tanpa Ragi.
4. Bareng Rasul Petrus wis dicepeng, Sang Prabu Herodhes dhawuh supaya dikunjara kanthi dijaga dening prajurit patang regu, saben regu wong papat. Karsane, salebare Paskah bakal kaladekake marang ngarepe wong akeh.