Lelakone Para Rasul 11:19-30 Kitab Sutji (JAV)

19. Kacarita marga saka panganiaya kang tumuwuh sawuse Sang Stefanus kaukum pati, akeh sadulur kang padha buyar nganti tekan ing tanah Fenisia, ing pulo Siprus lan ing kutha Antiokhia, dene anggone ngabarake Injil mung marang wong Yahudi.

20. Nanging ana panunggalane sawatara wong Siprus lan wong Kirene, kang teka ing Antiokhia lan banjur mawan rembug uga karo wong-wong Yunani sarta martakake Injil kalawan pratela, yen Gusti Yesus iku Gusti.

21. Astaning Pangeran nunggil karo wong-wong mau, satemah akeh wong kang manjing pracaya sarta padha mratobat marang Gusti.

22. Pawarta bab wong-wong mau keprungu dening pasamuwan ing Yerusalem; Barnabas banjur kautus dening pasamuwan menyang ing Antiokhia.

23. Bareng wis tekan ing kono lan nyumurupi sih-rahmating Allah, Barnabas bungah sarta mituturi marang wong-wong mau, supaya padha tetep setya marang Gusti,

24. awit Barnabas iku wong becik, kapenuhan ing Roh Suci lan pracaya. Ana wong akeh kang padha kawuwuhake ing pasamuwane Gusti.

25. Barnabas banjur menyang ing kutha Tarsus nggoleki Saulus. Bareng wis ketemu tumuli diajak menyang ing Antiokhia,

26. sarta padha tetunggalan karo pasamuwan nganti sataun lawase, sinambi memulang marang wong akeh. Ana ing Antiokhia kono para siswa anggone wiwit padha kasebut Kristen.

27. Nalika samana ana nabi sawatara kang rawuh ing kutha Antiokhia saka ing Yerusalem.

28. Ana siji kang asma Agabus kang jumeneng sarta marga saka kuwaosing Roh ngandika, yen ing saindenging jagad bakal katekan pailan gedhe, kang iya kalakon uga nalika jamane Sang Nata Agung Klaudius.

29. Para siswa banjur padha mutus arep nglumpukake sumbangan miturut sakadare dhewe-dhewe, bakal dikirimake marang para sadulur ing tanah Yudea.

30. Bab iku iya kalakon lan banjur dikirimake marang para pinituwa lumantar Barnabas lan Saulus.

Lelakone Para Rasul 11