20. mulane ngadega, mudhuna lan mangkata bebarengan karo wong-wong iku, aja mangu-mangu, sabab Ingsun kang ngutus mrene.”
21. Rasul Petrus banjur mandhap sarta ngandika marang wong-wong mau: “Iya aku iki kang kokgoleki; apa karepmu mrene?”
22. Atur wangsulane: “Kornelius satunggaling opsir ingkang manahipun mursid saha ngabekti dhateng Gusti Allah punapadene ingkang sampun kondhang sae wonten ing antawisipun bangsa Yahudi sadaya, sampun tampi wangsiting Allah lumantar malaekat suci, supados ngaturi rawuh panjenengan dhateng ing griyanipun saha mirengaken punapa ingkang badhe panjenengan ngandikakaken.”
23. Wong-wong mau banjur didhawuhi nginep ana ing kono.Esuke sawise wungu Rasul Petrus tumuli tindak bebarengan karo wong-wong mau sarta ana wong ing Yope sawatara kang ndherekake.
24. Esuke maneh tindake wis rawuh ing Kaisarea, Kornelius wus ngenteni lan wus ngulemi sanak sadulure lan para mitrane.
25. Bareng Rasul Petrus lumebet ing omah, Kornelius methuk kambi sumungkem ing ngarsane sarta sujud.
26. Nanging diadegake dening Rasul Petrus kalawan dipangandikani: “Kula aturi jumeneng, kula punika namung manungsa limrah.”
27. Rasul Petrus nuli lumebet kalawan ngandikan karo Kornelius, banjur kapanggih lan wong akeh kang wis padha nglumpuk.
28. Tumuli padha dipangandikani mangkene: “Panjenengan sadaya sami mangretos, bilih tiyang Yahudi punika dipun awisi sanget srawungan kaliyan tiyang-tiyang ingkang sanes Yahudi utawi lumebet ing griyanipun. Nanging Gusti Allah sampun paring pitedah dhateng kula, bilih kula boten dipun parengaken mastani tiyang najis utawi boten resik.
29. Inggih punika sababipun kula lajeng boten kawratan mriki. Ingkang punika kula kapengin sumerep, punapa sababipun dene kula panjenengan dhatengaken?”
30. Ature Kornelius: “Sakawan dinten kapengker ing wekdal kinten-kinten sami kaliyan sapunika, inggih punika jam tiga siyang, kula saweg ndedonga wonten ing griya.
31. Dumadakan wonten satunggaling priya jumeneng ing ngajeng kula, pangagemanipun gumilap ingkang lajeng ngandika: Kornelius, pandongamu wis dipiyarsakake dening Gusti Allah lan sedhekahmu wis kaengetan ana ing ngarsaning Allah.
32. Mulane kongkonana wong menyang ing Yope methuk Simon kang peparab Petrus, kang lagi mondhok ing omahe Simon, tukang samak, ing pinggir sagara.
33. Awit saking punika kula enggal-enggal kengkenan tiyang sowan panjenengan saha panjenengan sampun rawuh kalayan renaning penggalih. Sapunika kula sadaya sampun nglempak ing ngriki, wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, badhe mirengaken punapa ingkang kadhawuhaken dening Gusti Allah dhateng panjenengan.”
34. Rasul Petrus banjur medhar pangandika mangkene: “Kula sampun saestu mangretos, bilih Gusti Allah boten mbedak-mbedakaken tiyang.
35. Saben tiyang ingkang kagolong bangsa punapa kemawon, ingkang ngabekti dhateng Pangeran saha ingkang nindakaken kaleresan, punika ndadosaken ing keparengipun Gusti Allah.
36. Pangandika ingkang supados kadhawuhaken dhateng tiyang-tiyang Israel, inggih punika pangandika ingkang martosaken bab tentrem-rahayu dening Gusti Yesus Kristus ingkang jumeneng dados Gustinipun sadaya tiyang.