Kolose 3:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Marga saka iku yen kowe wus padha ndherek katangekake kalawan Gusti Kristus, padha ngupayaa sabarang kang ana ing ngaluhur, ing papan pinarake Gusti Kristus ing satengene Gusti Allah.

2. Padha nggatekna prakara kang ana ing ngaluhur aja kang ana ing bumi.

3. Sabab kowe wus padha mati lan uripmu iku sinengker kalawan Gusti Kristus, ana ing Gusti Allah.

4. Yen Gusti Kristus kang dadi urip kita iku ing tembe ngatingal, kowe iya bakal padha ndherek ngaton kalawan Panjenengane ana ing kamulyan.

5. Mulane kowe padha matenana samubarang kang asipat kadonyan kang ana ing awakmu, yaiku laku jina, tindak rusuh, hawa nepsu, kapencut, mangkono uga budi kethaha, kang dadi ewone panyembah brahala,

Kolose 3