Kohelet 9:14-17 Kitab Sutji (JAV)

14. Ana sawijining kutha cilik, pendhudhuke mung sethithik; banjur ana raja agung kang nempuh lan ngepung sarta ngedegake tembok-tembok pangepungan.

15. Ing kono ana wong mlarat kang wicaksana, kang ngluwari kutha iku kalawan kawicaksanane, ewadene ora ana owng kang eling marang wong mlarat mau.

16. Mulane aku kandha: “Kawicaksanan iku luwih becik tinimbang karo kasantosan, ewadene kawicaksanane wong mlarat diremehake lan tembunge ora dirungokake dening wong.”

17. Tembunge wong wicaksana kang dirungokake kanthi sareh, iku luwih becik tinimbang karo bengok-bengoke wong kang kwasa ana ing satengahe para wong gemblung.

Kohelet 9