20. Sanyatane ing bumi iki ora ana wong kang mursid: kang nglakoni panggawe becik lan ora tau nglakoni dosa.
21. Uga aja nggatekake sakehing tembung kang kaucapake dening wong, supaya kowe ora krungu baturmu ngipat-ipati kowe.
22. Amarga atimu sumurup, manawa kowe uga wus kerep ngipat-ipati wong liya.
23. Kabeh-kabeh iki wus dakcoba supaya oleh kawicaksanan. Aku celathu: “Aku kepengin oleh kawicaksanan,” nanging kawicaksanan iku adoh saka ing aku.
24. Apa kang ana iku adoh lan jero, jero banget, sapa kang bisa nemokake?
25. Kang dakudi iku bisane mangreti, niti-priksa lan ngupaya kawicaksanan lan kakenthelaning pamikir, lan bisane nyumurupi, manawa duraka iku bab kang gemblung lan tanpa pikiran iku edan.
26. Sarta aku nemu bab kang ngluwihi paite pati: wong wadon kang dadi jaring, kang atine dadi jiret lan tangane dadi blenggu. Wong kang dadi keparenging Allah bakal oncat saka kang mangkono iku, nanging wong dosa mesthi kecandhak.
27. Lah iki kang daktemokake, -- mangkono pangandikane Sang Kohelet, -- manunggalake kang siji kalawan sijine supaya oleh kakenthelaning prakara,
28. kang isih dakupaya tetep ora ketemu --; ing antarane wong sewu aku nyumurupi wong siji, nanging ing antarane wong-wong iku aku ora nyumurupi wong wadon siji-sijia.