Kohelet 7:19-24 Kitab Sutji (JAV)

19. Kawicaksanan iku aweh kakuwatan marang kang nduweni, ngluwihi wong sapuluh kang padha nyekel pangwasa ing sajroning kutha.

20. Sanyatane ing bumi iki ora ana wong kang mursid: kang nglakoni panggawe becik lan ora tau nglakoni dosa.

21. Uga aja nggatekake sakehing tembung kang kaucapake dening wong, supaya kowe ora krungu baturmu ngipat-ipati kowe.

22. Amarga atimu sumurup, manawa kowe uga wus kerep ngipat-ipati wong liya.

23. Kabeh-kabeh iki wus dakcoba supaya oleh kawicaksanan. Aku celathu: “Aku kepengin oleh kawicaksanan,” nanging kawicaksanan iku adoh saka ing aku.

24. Apa kang ana iku adoh lan jero, jero banget, sapa kang bisa nemokake?

Kohelet 7