Kohelet 4:8-12 Kitab Sutji (JAV)

8. ana wong kang mung ijen, ora duwe anak lanang utawa sadulur lanang, lan ora leren-leren anggone nglakoni kangelan, mripate iya ora bisa wareg ndeleng kasugihan; -- kanggo sapa anggonku nglakoni kangelan lan nampik kasenengan? -- Iku uga bab kang tanpa paedah lan kang marakake susah.

9. Wong loro iku luwih prayoga tinimbang karo wong siji, awit iku padha tampa pituwas kang becik tumrap kangelane.

10. Amarga manawa padha tiba, kang siji banjur nangekake sijine, nanging cilaka wong kang ijen manawa tiba, awit ora ana wong liyane kang nangekake.

11. Uga manawa wong loro padha turu, banjur padha dadi anget, nanging manawa ijen kapriye bisane dadi anget?

12. Lan manawa wong ijen bisa dikalahake, wong loro bakal bisa nanggulangi. Tapi telu ora gampang dipedhot.

Kohelet 4