19. Sarta sapa sumurup, wong iku wicaksana apa bodho? Sanajan mangkono wong iku bakal ngwasani apa kang wus katindakake kalawan rekasa lan kawicaksanan ana ing sangisoring langit. Iku uga tanpa paedah.
20. Marga saka iku aku banjur wiwit mangu-mangu ing bab kang daktindakake kalawan kangelan ana ing sangisoring langit iki.
21. Jalaran manawa ana wong kang nindakake samubarang kanthi ngrekasa kalawan migunakake kawicaksanan, kawruh lan kabisan, iya kudu marisake oleh-olehane iku marang wong kang ora rekasa tumrap iku. Iki uga tanpa paedah lan cilaka banget.
22. Apa ta paedahe nindakake samubarang kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit lan kang jumedhul saka ing pepenginaning atine iku?
23. Uripe kebak ing kasusahan lan pagaweane kebak bab-bab kang gawe susahing ati, malah ing wayah bengi atine ora tentrem. Iku uga tanpa paedah.
24. Ora ana kang tumrap manungsa becike ngluwihi mangan lan ngombe sarta seneng-seneng ing sajroning kangelane. Aku sumurup, manawa iki uga saka ing astaning Allah.
25. Amarga sapa ta kang bisa mangan lan ngrasakake kanikmatan ing sajabane Panjenengane?