Kohelet 10:10-18 Kitab Sutji (JAV)

10. Manawa wadunge kethul lan ora diasah, wong banjur kudu ngetokake kakuwatan kang luwih gedhe, nanging kang prelu supaya bisa kasil, iku kawicaksanan.

11. Manawa ula anggone nyakot sadurunge dijapa-mantrani, tukang japa-mantra bakal ora oleh gawe.

12. Tetembungan kang metu saka ing tutuke wong wicaksana iku sedhep, nanging lambene wong gemblung iku nguntal wong iku dhewe.

13. Tembung kawitan kang metu saka ing cangkeme iku goblog, sarta wekasane guneme iku kabodhoan kang mbilaeni.

14. Wong bodho iku akeh rembuge, sanadyan wong ora sumurup apa kang bakal kelakon, lan sapa ta kang bakal nyumurupake apa kang bakal kelakon ing sapungkure?

15. Kangelane wong bodho iku gawe sayahe wong iku dhewe, amarga ora weruh dalan menyang kutha.

16. Bilai kowe he nagara, manawa ratumu bocah cilik lan para pemimpinmu esuk-esuk wus pista!

17. Rahayu kowe he nagara, manawa ratumu asale saka golongan pangarep, lan para pemimpinmu padha mangan manawa wus wayahe ing sajrone karosane ora ing sajrone mendem.

18. Marga saka kesed, payon ambleg, lan marga saka ora cekat-ceket omah trocoh.

Kohelet 10