Kohelet 10:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Laler kang mati njalari mambune lenga jebad gaweane si tukang gawe lenga jebad; mangkono uga kabodhoan sathithik bae iku dayane ngluwihi kawicaksanan lan kaurmatan.

2. Atine wong wicaksana iku ngener manengen, dene atine wong gemblung iku mangiwa.

3. Uga manawa lumaku ana ing lurung wong bodho iku pikirane iya kethul, saben wong dikandhani, manawa dheweke iku bodho.

4. Manawa kowe tinempuh ing bebendu, aja ninggal papanmu, awit kasabaran iku bisa nyegah kasalahan-kasalahan kang gedhe.

5. Aku sumurup sawijining piala ana ing sangisoring langit, yaiku kaluputan kang asale saka wong kang nyekel pangwasa:

6. Akeh papan kang luhur, kang dilungguhi ing wong bodho, mangka papan kang asor dilungguhi ing wong sugih.

7. Aku sumurup batur tukon nunggang jaran, lan para panggedhe padha mlaku dharat kaya batur tukon.

8. Sing sapa gawe luwangan bakal kacemplung mrono, lan sing sapa njebol tembok bakal dicokot ing ula.

9. Sing sapa mecah watu bakal kelaran; sing sapa nyigar kayu bakal kena ing bebaya.

10. Manawa wadunge kethul lan ora diasah, wong banjur kudu ngetokake kakuwatan kang luwih gedhe, nanging kang prelu supaya bisa kasil, iku kawicaksanan.

11. Manawa ula anggone nyakot sadurunge dijapa-mantrani, tukang japa-mantra bakal ora oleh gawe.

Kohelet 10