Kidung Pangadhuh 5:7-17 Kitab Sutji (JAV)

7. Para leluhur kawula ingkang sami damel dosasampun boten wonten,kawula ingkang katempah ing durakanipun.

8. Rencang tumbasan sami mrentah kawula,boten wonten ingkang ngluwari kawula saking tanganipun.

9. Anggen kawula pados tedha klayan toh pejahmargi saking wontenipun pedhang ing pasamunan.

10. Kulit kawula mengangah kados prapen,margi saking sangeting kaluwen.

11. Para tiyang estri ing Sion sami dipun roda-peksa,makaten ugi prawan-prawan ing kitha-kithanipun Yehuda.

12. Para pemimpin sami kagantung dening tanganipun mengsah,para sesepuh boten dipun urmati.

13. Tiyang nem-neman sami dipun kedahaken mikul gilingan,lare-lare sami ambruk margi kawraten anggenipun ngrembat kajeng.

14. Para sepuh sami boten keklempakan malih wonten ing gapuraning kitha,para nem-neman kendel anggenipun nylempung.

15. Kabingahaning manah kawula sampun ical,beksan kawula sami malih dados kasisahan.

16. Makutha sampun dhawuh saking sirah kawula, adhuh memelas;amargi kawula sampun sami damel dosa.

17. Inggih margi saking makaten punika manah kawula sakit,inggih margi saking makaten punika mripat kawula lajeng dados bliwur.

Kidung Pangadhuh 5