Kidung Pangadhuh 5:10-17 Kitab Sutji (JAV)

10. Kulit kawula mengangah kados prapen,margi saking sangeting kaluwen.

11. Para tiyang estri ing Sion sami dipun roda-peksa,makaten ugi prawan-prawan ing kitha-kithanipun Yehuda.

12. Para pemimpin sami kagantung dening tanganipun mengsah,para sesepuh boten dipun urmati.

13. Tiyang nem-neman sami dipun kedahaken mikul gilingan,lare-lare sami ambruk margi kawraten anggenipun ngrembat kajeng.

14. Para sepuh sami boten keklempakan malih wonten ing gapuraning kitha,para nem-neman kendel anggenipun nylempung.

15. Kabingahaning manah kawula sampun ical,beksan kawula sami malih dados kasisahan.

16. Makutha sampun dhawuh saking sirah kawula, adhuh memelas;amargi kawula sampun sami damel dosa.

17. Inggih margi saking makaten punika manah kawula sakit,inggih margi saking makaten punika mripat kawula lajeng dados bliwur.

Kidung Pangadhuh 5