1. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi ngengetipunapa ingkang sampun sami kawula alami,mugi Paduka karsaa mirsanisaha ngudaneni dhateng kawontenan kawula ingkang asor punika.
2. Tanah pusaka kawula sampun dhumawah dhateng bangsa sanes,griya-griya kawula dhateng tiyang ngamanca.
3. Kawula sami dados lare lola, boten gadhah bapa,biyung kawula sami kados randha.
4. Anggen kawula ngombe toya srana tumbas,sarta anggen kawula ngangge kajeng mawi mbayar.
5. Kawula sami dipun bujeng-bujeng wonten ing celakan,sami sayah nanging boten angsal ngaso.