7. Para pemimpine resike ngungkuli salju,lan luwih putih tinimbang susu,abanging awake ngungkuli merjan,pasemone memper watu manila;
8. nanging saiki rupane ireng ngungkuli angus,kang ana ing lurung-lurung padha pangling,kulite kelet karo balung-balunge,garing kaya kayu.
9. Luwih begja kang kapupu ing pedhang,tinimbang kang mati kaluwen,kang ngenes lan matimarga tegale ora ana pametune.
10. Tangane wong wadon kang welasanwus padha ngolah anak-anake,kanggo panganenalika putrining bangsaku rusak.
11. Pangeran Yehuwah wus ngebyukake sakehe bramatyane,ngesokake bebendune kang mulad-mulad,sarta wus nyumed geni ana ing Sionkang mangsa dhasar-dhasare.