Kidung Pangadhuh 3:7-13 Kitab Sutji (JAV)

7. Aku dipepeti, dalan metu ditutup kabehsarta ditaleni nganggo rante kang abot.

8. Sanadyan aku sambat-sambat lan bengok-bengok nyuwun tulung,pandongaku ora dipiyarsakake.

9. Dalan-dalanku padha dipepeti nganggo watu tatahan,didadekake ora kena diambah.

10. Panjenengane prasasat bruwang kang ngadhang marang aku,lan prasasat singa ana ing pandhelikan.

11. Dalan-dalanku dienggokake, aku disempal-sempallan ndadosake aku bingung.

12. Gandhewane wus dipenthanglan aku kang dadi lesaning jemparinge.

13. Jemparinge kang ana ing endhongepadha dilepasake kabeh,padha manjing ing atiku.

Kidung Pangadhuh 3