Kidung Pangadhuh 3:4-13 Kitab Sutji (JAV)

4. Daging lan kulitku didamel susut,balungku padha ditugeli.

5. Pangeran ngedegake tembok ngungkuli aku,ngupengi aku kalawan kaprihatinanlan kasusahan.

6. Aku dipapanake ing panggonan kang peteng,kaya wong kang wus mati suwe.

7. Aku dipepeti, dalan metu ditutup kabehsarta ditaleni nganggo rante kang abot.

8. Sanadyan aku sambat-sambat lan bengok-bengok nyuwun tulung,pandongaku ora dipiyarsakake.

9. Dalan-dalanku padha dipepeti nganggo watu tatahan,didadekake ora kena diambah.

10. Panjenengane prasasat bruwang kang ngadhang marang aku,lan prasasat singa ana ing pandhelikan.

11. Dalan-dalanku dienggokake, aku disempal-sempallan ndadosake aku bingung.

12. Gandhewane wus dipenthanglan aku kang dadi lesaning jemparinge.

13. Jemparinge kang ana ing endhongepadha dilepasake kabeh,padha manjing ing atiku.

Kidung Pangadhuh 3